Tuesday, May 29, 2007

Karajan Mataram (kuna)

Karajan Mataram (kuna) iku karajan sing ana kira-kira awal abad kaping 7 M. Katrangan paling tuwa katulis ing Prasasti Canggal ing èrèng-èrèng Gunung Merapi, cedhak Candhi Wukir, Magelang. Ing prasasti kuwi, katulis jeneng rajané Sanjaya (Sañjaya) sing isih turunané Sanna lan Sanaha.Ing prasasti kasebut yèn pamaréntahané misuwur lan adil. Mataram kasebut kanthi "bhumî Mataråm."

Ing pamilahan titi mangsa sajarah Jawa Kuna, jaman Karajan Mataram Kuna iki asring disebut "Jaman Jawa Tengah", kanggo mbédakaké nalika Pu Sindhok pindhah menyang cedhak Kali Brantas ing Jawa Wetan, sing banjur kasebut "Jaman Jawa Wétan."

Raja Sanjaya nganggo gelar Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya lan kasebut manggon ing kutharaja Medang (Mdang). Raja Sanjaya iki ahli ing bidang politik kakuasaan, wektu akhir jaman kakuasaan raja Sanna, Mataram kuna mèh ambruk nanging bisa disalametaké Sanjaya.

Urutan raja sing naté nyekel panguwasa ing Mataram kasebut ing prasasti sing kawetokaké ing jaman Dyah Balitung, yaiku Prasasti Mantyasih lan Prasasti Wanua Tengah III.

Karajan sing wiwitané nganut agama Hindhu iki udakara lumaku 196 taun. Raja-raja sing mréntah paling ora 20 taun yaiku: Sanjaya (24), Panamkaran (38), Rakai Warak (24), lan Rakai Kayuwangi (30). Tabèl ing sor iki urut-urutan raja ing Mataram Kuna:[1]


Raja Taun (Masèhi)
Sañjaya 732-746
Rakai Panamkaran 746-784
Rakai Panunggalan 784-803
Rakai Warak 803-827
Dyah Gula 827-828
Rakai Garung 828-847
Rakai Pikatan 847-855
Rakai Kayuwangi 855-885
Dyah Tagwas 885
Rakai Panumwangan 885-887
Rakai Gurunwangi 887
Dyah Dewendra 890-894
Rakai Watuhumalang 894-898
Dyah Balitung 898-910
Rakai Daksa 913-915
Dyah Tulodhong 919-928?
Dyah Wawa 928-929?

Ing antarané abad IX Masehi, kaadegagé Candhi Barabudhur sing diduga kagawé déning Wangsa Syailendra. Anané wangsa iki gawé sawetara ahli sajarah nduwé panemu sing béda. Ana sing nganggep yèn Syailéndra iku isih sak-brayat karo Wangsa Sanjaya, ana uga sing nduwé panemu yèn Syailéndra iku wangsa liya. Panemu liyané manèh, wangsa Syailendra iki asalé saka Sumatra, utamané Sriwijaya. Ora kaya Wangsa Sanjaya, Wangsa Syailendra nganut Buddha.

Ing salah sawijining vèrsi, karajaan Mataram Kuna iki awale nganut agama Hindhu nganti jaman raja Rakai Panangkaran ing taun 752 M, sapérangan nganut agama Buddha. Akhire kaluarga kerajaan sing nganut agama Buddha pindah teng arah kidul lan mbangun wangsa Syailendra uga mbangun candhi-candhi Kalasan, Sewu, Sari, Pawon, Mendut lan Barabudhur.

Kaluwarga kraton sing nganut agama Hindhu pindah menyang lor lan mbangun wangsa Sanjaya uga mbangun candhi-chandi Bima, Arjuna lan liyane ing dhaerah pegunungan Dieng.

Kaloro wangsa iku urip guyub malah ana candhi-candhi tinentu sing dibangun bareng penganut agama Hindhu lan agama Buddha yaiku candhi Ngawen ing sisih kulon Muntilan. Dinuga, ana saingan antara keloro wangsa iku nganti Samarattungga ing taun 832 M (raja saka wangsa Syailendra) njodhokaké putrine Pramodawardhani karo pangeran anom saka dinasti Sanjaya yaiku Rakai Pikatan) (putra Rakai Patapan) lan wektu Rakai Pikatan dadi raja (taun 838 M) 2 karajan iku digabung manèh.


Sawise jaman Sri Maharaja Rakai Sumba Dyah Wawa, ora ana manèh katemon prasasti seka jaman Mataram Kuna iki. Prasasti-prasasti sabanjuré ditemokakee ing Jawa Wetan déning raja anyar, yaiku Mpu Sindhok. Mpu Sindhok utawa Pu Sindhok iki mantuné Dyah Wawa.

Kapindhahané Mpu Sindhok menyang sapinggiré Kali Brantas iki gawé praduga para ahli purbakala. Boechari, epigraf, nafisraké yèn boyongan kraton iku amarga Gunung Merapi sing njeblug.

van Bemmelen (1956) Mratélakaké ing Verhandelingen van het Koninklijk Nederland Geologie Mijnbouw Genootschap prakara prasasti jaman Airlangga sing nyebutaké yèn ana karusakan ing karajané. Manut pamacané Kern, karusakan saka prasasti ing taun 1006 M iku kaanggep karusakan simbolik, yaiku anané paprangan. Béda manèh ahli epigraf liyané sing nganggep karusakan iku amarga prahara alam. Van Krom naté nyoba gawé pangira sawetara prakara sing bjalari pamaréntahan iku pindhah menyang Jawa Wetan, yaiku: paprangan sing ngrusak, jeblugan gunung, lan pageblug (endemi). Van Bemmelen béda manèh. Yèn ndeleng kahanané, Kali Brantas iku strategis kanggo ngundhakaké transportasi liwat dalan banyu. Karajan Mataram Kuna butuh kali sing wiyar kanggo lalu-lintas kapal menyang manca nagara. Plabuhan ing Ujung Galuh (panggonan ing antarané Gunung Semeru lan Gunung Wilis) cocog kanggo njebarakee pasrawungan

Ing pisanan kapindhahané, Mpu Sindhok isih nganggo katrangan karajan Mataram. Tembung Md.ang (Medhang) kang umumé kagandhèng kalawan tembung Mataram isih tetep awèt. nanging, Mpu Sindhok mbiwarakaké wangsa anyar, yaiku Wangsa Isyana.

Dhedhaupan ing antarané Pramodhawardhani lan Rakai Pikatan iki dinuga njalari dedrah lan nesuné Balaputradewa, sedulur lanang Pramodhawardhani. Durung ana bukti sing kuwat anané perang ing antarané Balaputradewa lan Rakai Pikatan. Nanging, ing prasasti sabanjuré, Balaputradewa banjur dadi raja ing Swarnadwipa utawa Karajan Sriwijaya. Ibuné Balaputradewa, Dewi Tara, iku seka Sumatra.

No comments: